Sabtu, 12 Desember 2015

geguritan

Bantala Wis Katumplek
Dening : Fatin Inayah

donya sansaya jlitheng
pawaka sansaya ngraung-ngraung
riwut semrawut bubrahake kabeh sing diliwati
kaya ngono urip ing jaman saiki
tangan ngapurancang
lambe mesem kaya dene kembang
sirah dingkluk...
awak mbungkuk...
apa isih tumon?
saiki bantala wis katumplek
baskara sansaya benter
dadi pratanda, yen neraka wis mulai mbukak
kanggo lurung pawongan sing ora duwe krama
mlaku jingglang...
jagong mekangkang...
sirang ndangak...
polah pethakilan...
apa iku sing diwulang deninga kakungmu?
apa panggalihmu wis kresna?
apa kupingmu amung nggo canthelan?
elinga cah...
gaweya donya iki sumringah
kaya dene sekar kang lagi mekar